Saturday, February 6, 2010

BUSANANING BASA

BUSANANING BASA

Dening: Drs. Aloysius Indratmo, M.Hum.


Naskah Giyaran Nguru-Uri Kabudayan

Ing Radio Republik Indonesia Stasiun Surakarta

Tanggal 6 Februari 2010


Sugeng dalu para miyarsa, sugeng pinanggih malih kaliyan Kulawarga Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra Dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret ing giyaran “Nguri-Uri Kabudayan” lumantar RRI Surakarta.

Para miyarsa, mugi Sih Dalem Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah lumuntur dhateng panjenengan-kula sami. Ing kalodhangan menika, kula pun Drs. Aloysius Indratmo, M.Hum. badhe ngaturaken pirembagan bab “Busananing Basa”.

Para miyarsa, menggah tiyang nglairaken krenteging manahipun, pikajenganipun utawi raosing manah, wontena ing pawicantenan padintenan, wontena ing serat, sasaged-saged mesthi murih cetha, urut, teteh, saha mboten worsuh. Awit saking menika pamilihing tembung-tembung kedah patitis, kedah runtut sarta mapan. Kejawi mekaten, ingkang besus ing sastra ugi mawi tetembungan utawi ukara minangka rerenggan. Ingkang mekaten wau ndadosaken dhapukaning tetembungan menapa dene ukara lajeng asemu manis lan luwes, ingkang ndadosaken sekeca tuwin nengsemaken dhateng ingkang sami midhanget.

Ingkang kula wastani busananing basa menika awujud tetembungan utawi ukara ingkang limrahipun namung dados rerengganing basa kemawon. Dene Busananing basa menika wonten mawarni-warni, ing antawisipun inggih menika pepindhan, paribasan, candra, personifikasi, metafora, saha sanepa.

1. Pepindhan

Wujud busananing basa ingkang kapisan inggih menika pepindhan.

Pepindhan menika tetembungan utawi ukara, ingkang nyebutaken menapa-menapa ingkang katandhing utawi dipunsamekaken kaliyan sanesipun. Limrahipun mawi tembung: lir, pindha, sasat, kadi, kadya, kaya, lan kados. Menggah tuladhanipun:

- Dhasar satriya bagus, rinengga ing busana, sasat Bathara Endra angejawantah..

Pepindhan menika ngandharaken kawontenanipun priyantun, mliginipun pasuryanipun, ingkang bagus sanget ngantos memper utawi mirip kaliyan Bathara Endra. Dados pepindhan menika nandhingaken utawi nyamekaken priyantun kaliyan Bathara Endra. Tuladha sanesipun:

- Kehing wadya bala ambalabar lir samodra tanpa tepi.

Pepindhan menika nandhingaken wadya bala ingkang kathah sanget kaliyan samodra ingkang wiyar sanget. Wonten malih tuladha pepindhan mekaten:

- Atine kaya dijuwing-juwing.

Pepindhan menika mratelakaken kawontenanipun manah ingkang sakit sanget ngantos manah menika wau kados dipun juwing-juwing.

Pepindhan-pepindhan ingkang kula sebataken wau sami ngangge tembung “sasat”, “lir”, lan “kaya”. Wonten ugi Pepindhan ingkang dhapukanipun tanpa tembung “kaya” nanging mawi swanten swara irung, kadosta:

- Suguhane mbanyu mili.

Pepindhan menika tegesipun sami kaliyan “Suguhane kaya banyu mili” ingkang nggambaraken segahan ingkang ndlidir tanpa kendhat. Tuladha sanesipun:

- Surake mbata rubuh.

Mbata rubuh ugi ngemu teges kaya bata rubuh.

Para miyarsa ingkang kinormatan, ukara pepindhan mekaten kadhapuk saking kalih perangan, inggih menika perangan kapisan nyebutaken menapa-menapa ingkang dipuntandhingaken lan perangan kaping kalih nyebataken tandhinganipun. Ing pepindhan “Surake mbata rubuh”, perangan kapisan, inggih menika “surake” minangka ingkang dipuntandhingaken, lajeng perangan kaping kalih, inggih menika “mbata rubuh” utawi “kaya bata rubuh” minangka tandhinganipun. Mekaten ugi pepindhan “Suguhane mbanyu mili”, perangan kapisan, inggih menika “suguhane” minangka ingkang dipuntandhingaken lan perangan kaping kalih, inggih menika “mbanyu mili” minangka tandhinganipun.

Ing teori pepindhan, perangan menapa ingkang katandhingaken dipunsebat “tenor” dene perangan tandhinganipun kasabat “wahana”. Dados menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun ing ukara pepindhan menika, ngemu teges ingkang sami utawi saemper, ingkang sinebat “motif”. Ing pepindhan “Lir kaluwa awakira adus getih”, katandhingaken antawis awakira minangka ingkang katandhingaken lan kluwa minangka tandhinganipun. Tetandhingan menika adhedhasar motif adus gêtih. Dados, salira ingkang adus getih menika saemper kaliyan kluwa awit sami-sami ngemu cairan kenthel awarni abrit.

Ing ukara pepindhan “motif’ menika saged dipunsingidaken, lan saged ugi dipunsebataken mlaha. Ing pepindhan “Lir kaluwa awakira adus getih”, motif adus getih kasebataken kanthi mlaha. Dene tuladha ing ukara pepindhan “Désa Alang-alang kaya mati diuntal pêtêngé wêngi” motifipun kasingidaken utawi mboten kasebataken. Motif ingkang kasingidaken ing pepindhan menika inggih menika “sepi”.

Para miyarsa, memperipun menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun ing ukara pepindhan saged arupi saemper kahananipun, saemper tindakanipun, saemper miturut adatipun, saha saemper miturut panganggepipun.

Tuladha pepindhan ingkang gayutipun menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun adhedhasar saemperipun kahanan inggih menika pepindhan: “Pawakané lêncir kaya wit palêm”. Ing mriki kawontenanipun badanipun priyantun putri ingkang lencir katandhingaken kaliyan uwit palem.

Tuladha pepindhan ingkang gayutipun menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun adhedhasar saemperipun tindakan inggih menika pepindhan: “Lakuné kang ngayahi dhawuh kêbat lir thathit.” Ing pepindhan menika tindakanipun manungsa, inggih menika lampahipun ingkang cepet sanget katandhingaken utawi dipunsamekaken kaliyan thathit.

Tuladha pepindhan ingkang gayutipun menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun adhedhasar saemperipun miturut adat inggih menika pepindhan: “Pindha pêsating supêna sumusuping rasa jati.” Miturut adat kapitadosan Jawi kangge nggayuh jumbuhing kawula-Gusti tiyang kedah nggladhi raos utawa rasanipun. Tiyang ingkang sampun sampurna badhe saged ngraosaken rasa jati inggih Gusti Ingkang Murbeng Dumadi kados ing alam pangimpen.

Tuladha pepindhan ingkang gayutipun menapa ingkang katandhingaken kaliyan tandhinganipun adhedhasar saemperipun miturut panganggep inggih menika pepindhan: “Pêdhut tipis kaya ngêmuli Désa Alang-alang kang ditinggal ngêloni impèn déning pêdunungé.” Ing mriki “pedhut” dipunanggep kemul ingkang saged menguli dhusun.

Para miyarsa, tuladha-tuladha pepindhan ingkang sampun kula sebataken wau nedahaken bilih pepindhan saged kangge nggambaraken kawontenanipun tiyang, tindakanipun, saged ugi kangge nggambaraken alam sesawangan sarta suwasananipun, lan saged ugi kangge nggambaraken barang-barang saha ubarampe. Dene tandhinganipun saged arupi manungsa, sato kewan, tetuwuhan, suwasana alam, wayang, sarta para dewa.

Pepindhan, kejawi minangka rerengganing basa sok ugi kangge mewahi cethanipun ingkang dipuncariyosaken, wonten ugi ingkang kangge nyangetaken. Ing pedhalangan kathah pepindhan ingkang dados rerengganing basa. Tembung-tembungipun sanes tembung limrah, kapilih ingkang peni utawi kawi, kadosta:

“Duka” katembungaken:

- lir sinebit talingane,

- jaja bang mawinga-winga.

- Jaja bang lir sinecang.

- Sarira mangutug kadya agni.

- Netra andhik angatirah.

2. Paribasan

Wujud busananing basa candhakipun inggih menika Paribasan

Para miyarsa, pepindhan wonten ingkang dados paribasan. Ingkang njalari ewah-ewahan pepindhan dados paribasan menika ing antawisipun panganggenipun sampun mratah, lan saged ugi amargi pratelan ingkang badhe katandhingaken utawi kasamekaken sampun kawruhan ing umum. Tumrap pepindhan ingkang kados mekaten menika menapa ingkang dipuntandhingaken utawi ingkang winastan tenor lajeng sok mboten kasebataken. Tuladhanipun:

- Kaya klinthing disampar kucing.

Pepindhan menika kangge nggambaraken utawi maribasakaken tiyang ingkang juweh.

- Kaya mimi lan mintuna.

Pepindhan menika kangge nggambaraken utawi maribasakaken tiyang sesemahan ingkang tansah rukun, mboten saged pisah.

- Kaya kethek ditulup.

Pepindhan menika kangge nggambaraken utawi maribasakaken tiyang ingkang bingung, namung thingak-thinguk kemawon.

Para miyarsa ingkang kinormatan, gandheng wekdal ingkang cumawis sampun telas, pramila atur kula kapunggel semanten rumiyin. Minggu ngajeng kalajengaken malih.

Para miyarsa, cekap semanten pepanggihan ing dalu menika. Mugi-mugi pirembagan kala wau saged ngurakabi tumrap panjenengan-kula sedaya. Menawi wonten klenta-kelutuning atur, kersaa ngluberaken samodra pangaksami.

Wasana sugeng dalu, mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Nuwun.


BUSANANING BASA

Dening: Drs. Aloysius Indratmo, M.Hum.


Naskah Giyaran Nguru-Uri Kabudayan

Ing Radio Republik Indonesia Stasiun Surakarta

Tanggal 20 Februari 2010


Sugeng dalu para miyarsa, sugeng pinanggih malih kaliyan Kulawarga Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra Dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret ing giyaran “Nguri-Uri Kabudayan” lumantar RRI Surakarta.

Para miyarsa, mugi Sih Dalem Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah lumuntur dhateng panjenengan-kula sami. Ing kalodhangan menika, kula pun Drs. Aloysius Indratmo, M.Hum. badhe nglajengaken pirembagan minggu kepengker inggih menika bab “Busananing Basa”.

Ing wekdal kepengker kula sampun ngaturaken busananing basa ingkang awujud pepindhan saha paribasan. Wekdal samangke kula badhe ngaturaken wujud busananing basa candhakipun, inggih menika candra, personifikasi, metafora saha sanepa.

1. Candra

Para miyarsa, Wonten ugi pepindhan ingkang kawastanan Candra. Ingkang dipuncandra limrahipun tiyang ingkang sae ing warni. Candra ugi wonten ingkang ngangge tembung “kaya, lir”, “kadi”, lan sanesipun, sarta ingkang tanpa tembung “kaya”. Tuladhanipun:

- Cahyane nglayung kaya rembulan.

- Rurus kang salira kadi ingongotan.

- Rambute ngembang bakung.

- Athi-athi ngudhup turi.

- Lambene nggula sathemlik.

2. Personofikasi

Para miyarsa, ing pedhalangan wonten pepindhan ingkang mindhakaken tetuwuhan sarta barang-barang tanpa nyawa kados dene tiyang, ingkang saged wawan ginem saha lelewa. Pepindhan ingkang mekaten menika ing Basa Indonesia kawastanan Personifikasi. Tuladhanipun kapethik saking Serat Bratayuda, mekaten:

“Sakathahing klangenan urut margi ingkang dipunambah Prabu Kresna, semunipun sami prihatos. Ebahipun godhonging wit waringin kados kasisahan. Pucaking gapura kados ngajeng-ajeng enggaling rawuhipun Prabu Kresna. Baunipun ing gapura kados badhe nyembah ingkang rawuh.”

Ing pethikan tuladha menika klangenan ing sauruting margi dipunsamekaken kaliyan tiyang, dados ugi saged nandhang prihatos. Ron waringin ugi kasamekaken kaliyan tiyang ingkang seged kasisahan. Mekaten ugi kaliyan gapura ingkang kasamekaken kaliyan tiyang ingkang mboten namung nggadahi raos kangen ananging ugi gadhah bau ingkang saged kangge nyembah.

3. Metafora

Para miyarsa, metafora menika ugi kagolong pepindhan ananging mboten ngginakaken tembung tetandhingan kados kaya, kadya, lir, pindha, lan sanes-sanesipun. Wonten ing metafora barang-barang utawi samukawis ingkang katandhing dipunjajaraken kaliyan tandhinganipun. Tuladha metafora upaminipun:

- Sikil meja. Tetembungan menika nggambaraken meja kados dene manungsa ingkang jumenengipun kasangga dening sikil utawi suku.

- Tiyang ingkang remen suka pangapunten, dipunwastani: jembar segarane. Jembaring Manah kagambar kados seganten, lajeng wonten tetembungan: mugi kersaa anjembaraken seganten pangapunten.

- Ing ukara Manungsa kaslendhangan bungah lan susah, nggambaraken raos bingah lan susah kados dene sandhangan, inggih menika slendhang.

4. Sanepa

Para miyarsa, ing Basa Jawi wonten tetembungan utawi ukara ingkang kawastanan Sanepa, menika ugi pepindhan, nanging wonten bentenipun sawatawis.

Sanepa menika ukara ingkang perangan-peranganipun sampun pinathok. Dados kados dene ukara ingkang sampun nggadhahi pakem ingkang mboten saged dipunewahi. Sanepa nyebutaken menapa-menapa katandhing kaliyan sanesipun tanpa mawi tembung kaya, kadi, lan sapanunggilanipun menapa dene swanten swara irung. Dados menapa-menapa ingkang katandhingaken kajajaraken langsung kaliyan bandhinganipun. Tuladhanipun:

- Bathuké ciut lapangan.

Sanepa menika nandhingaken utawi nyamekaken bathuk kaliyan lapangan, lapangan kaanggep ciut, taksih wiyar bathukipun, tegesipun bathukipun wayar sanget.

- Swarané lirih blêdhèg.

Ing Sanepa menika swara katandhing kaliyan bledheg, bledheg kaangep lirih, taksih sora swarane, tegesipun swarane sora sanget.

Minangka bukti bilih Sanepa menika klebet golonganing pepindhan inggih menika saking ukara Sanepa saged kadhapuk ukara pepindhan ingkang tegesepun sami. Upaminipun saking Sanepa kala wau saged kadhapuk pepindhan mekaten:

- Bathuke sasat ciuting lapangan.

- Swarane sasat lirihing bledheg.

Para miyarsa, Sanepa menika wujudipun ukara, dados kados dene wujud ukara sanesipun ukara sanepa ugi saged dipunwalik urutanipun, dados ukara inversi. Upaminipun saking ukara Sanepa:

- Bandhane asat segara, urutanipun saged dipunwalik, perangan “asat segara” wonten ngajeng kasusul “bandhane” ing wingkingipun. Ungelipun dados: Asat segara bandhane.

- Sanepa “Kawruhe jero tapak meri” ingkang nggambaraken tiyang ingkang pangertosanipun kirang, saged kawalik dados “Jero tapak meri kawruhe”.

Wonten ing pawicantenan padintenan menapa dene ing serat-serat gagrag enggal, Ukara Sanepa saged dipunwewahi katrangan. Tuladhanipun:

- Atiné Lintang pancèn lêmês pikulan.

Sanepa menika ateges tiyang ingkang watakipun kaku. Wujud asalipun Sanepa menika mekaten “Atine lemes pikulan”. Ing mriki katambahan katrangan mawi tembung “Lintang” lan “pancen”. Tuladha sanesipun:

- Mèh kabèh durjana wataké lulut macan.

Sanepa ingkang ngemu teges bilih durjana menika angel sanget kapitados menika wujud asalipun: “Kabeh durjana watake lulut macan”.

Para miyarsa, kados dene Pepindhan, Sanepa ugi kathah kaginakaken kangge nggambaraken kahanan fisik manungsa, kadosta “Awake kuru semangka” tegesipun tiyang ingkang lema sanget. Wonten ugi Sanepa ingkang nyandra sifating manungsa, kadosta: “Akale cendhak lurung.” Ingkang ngemu teges tiyang ingkang julig. Wonten malih Sanepa ingkang nggambaraken tindakaning manungsa, upaminipun: “Playune lonjong mimis” tegesipun tiyang ingkang menawi mlajar banter sanget. Wonten malih Sanepa ingkang nyebataken kawontenanipun barang-barang, upaminipun “Lemahe jembar godhong kelor”, tegesipun siti ingkang ciut sanget.

Para miyarsa, ing ngajeng sampun kula sebataken bilih Sanepa mekaten kagolong ukara ingkang sampun pinathok. Dene Pathokanipun inggih menika:

- Ingkang sepisan: Ukara Sanepa menika ngemot kalih perangan, perangan kapisan nyebataken menapa-menapa ingkang katandhingaken, perangan kaping kalih nyebataken tandhinganipun.

- Pathokan ingkang kaping kalih: Perangan ingkang nyebataken menapa-menapa ingkang katandhingaken menika arupi tembung tunggal, ingkang kagolong tembung aran, dene perangan ingkang nyebataken tandhinganipun arupi frasa utawi kempalaning tembung.

- Pathokan ingkang kaping tiga: perangan ingkang nyebataken tandhingan ing ukara Sanepa menika urutanipun ingkang ngajeng arupi tembung kahanan kasusul ing wingkingipun arupi tembung aran.

Pathokan-pathokan menika wau kajawi minangka pituduh tumrap pandhapuking ukara Sanepa, ugi mujudaken wewatekan utawi ciri ukara Sanepa. Dados adhedhasar pathokan-pathokan menika saged kaanggit ukara Sanepa ingkang enggal. Tuladha Sanepa ingkang saged kagolong enggal inggih menika:

- Dêdêgé dhuwur aburing pitik

Sanepa menika nggambaraken nandhingaken dedeging tiyang kaliyan aburing pitik, aburing pitik kaanggep dhuwur, langkung inggil katimbang dedegipun, tegesipun tiyang ingkang cebol. Sanepa menika mujudaken gagrag enggal saking sanepa ingkang langkung sepuh inggih menika: “Dedege dhuwur kencur”.

- Polatané padhang wêngining kuburan.

Sanepa menika ateges tiyang ingkang polatanipun peteng sanget. Ing mriki polatan katandhingaken kaliyan wengi ing kuburan, wengi ing kuburan kaanggep padhang, dados polatanipun langkung peteng.

Para miyarsa, ing wekdal menika ukara-ukara Sanepa sajakipun kawon moncer menawi katandhingaken kaliyan jinising pepindhan sanesipun. Sanepa sampun arang sanget dipunpanggihaken ing pawicantenan padintenan menapa dene ing serat-serat yasan enggal. Mugi-mugi kanthi pirembagan menika, ingkang kala wau sampun nyebataken pathokaning pandhapuking Sanepa, saged nggigah mara miyarsa, utaminipun para among sastra, kangge nganggit Sanepa ingkang enggal.

Para miyarsa, cekap semanten pepanggihan ing dalu menika. Mugi-mugi pirembagan kala wau saged ngurakabi tumrap panjenengan-kula sedaya. Menawi wonten klenta-kelutuning atur, kersaa ngluberaken samodra pangaksami.

Wasana sugeng dalu, mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Nuwun.

No comments: